RENGGEPING WICARA
PURWAKA
Wonten madyaning bebrayan kalebet ing bebrayan Jawi, tasih lumampah
upacara-upacara adat ingkang sami katidakaken. Wiwit upacara kala wau,
mbetahaken paraga ingkang piniji pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda.
Panatacara, inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata lampahing upacara.
Kanthi pangertosan punika, pramila ayahipun panatacara mboten naming
mbiwarakaken adicara ingkang badhe lumampah ( Pinangka Pambiwara ), nanging
nata sedaya reh ingering adicara. Cekakipun Panatacara punika pinangka
pangarsaning upacara. Pramila dipun sebat Master of ceremony = MC ( Inggris )
tegesipun “ Tuan / Penguasa Upacara “.
Medharsabda = Sesorah, inggih punika ngandharaken utawi mahyakaken sabda utawi
suaraos = kawigatosan dhateng tiyang sanes utawi tiyang ingkang kathah ing
pasamuan. Dene Pamerdhasabda inggih punika tiyang ingkang medharsabda /
sesorah.
Mboten sadhengah tiyang sagede dados Panatacara tuwin Pamedharsabda ingkang
sae, jalaran ngendikan wonten sangajenging tiyang kathah punika dipun wastani “ seni “ liripun wonten
gayutanipun kaliyan kaedahan lan daya tarik ingkang nengsemaken. Awit saking
punika syaratipun dados Panatacara – Pamedharsabda ingkang sae,
antawisipun :
1. Sarira jangkep ( normal ) kanthi pancadriya ugi jangkep.
2. Pantrap ( penampilan ) ingkang nengsemaken ( Simpatik )
3. Kagungan swanten ( kemampuan vocal ) ingkang sae
4. Nguwaosi basal an sastra
5. Kagungan kawruh ( Pengetahuan ) ingkang cekap
6. Kagungan kapribadian ingkang sae, subosita jangkep lan sumeh polatanipun.
7. Kebak raos pitados dhiri ( Percaya diri )
Kejawi sedaya kala wau, BAKAT mujudaken kunci. Bakat mboten saged dipun upadi
jalaran paringipun Gusti ingkang murbeng dumadi. Namung bakat sanes Kartu Mati,
sanadyan mboten bakat menawi sregep sinau lan gladhen kanthi tegen, katambah
syarat ingkang 7 ing nginggil, Insya’ Alloh saged dados Panatacara – Pamedharsabda
ingkang sae.
Pawiyatan Panatacara tuwin Pamedharsabda ingkang dipun adani dening PERMADANI,
lugunipun pinangka wadhah utawi srana kangge ndherekaken sinau sesarengan, sok
sintena ingkang kepingin marsudi pinangka Panatacara tuwin pamedharsabda,
ingkang pangajab sageda dados paraga ingkang mumpuni, inggih pantes, luwes tur
teges. Tembungipun sanes paraga ingkang renggep, ing wicara, satemah dados juru
ladining bebrayan ingkang sae.
I. PANGERTOSAN RENGGEPING WICARA
Manut Bausastra, Renggep tegesipun candhak / nyandhak. Dene Wicara tegesipun
gunem / tutur / pangandikan. Kula gadhah pemanggih tembung nyandhak ing bab
punika saged dipun tegesi nguwaosi utawi ngendhaleni.
Pramila Renggeping wicara tegesipun : nguwaosi / ngendhaleni sedaya pakartining
tutur, supados wijiling pangandikan saged : tata, tatas, tetes, titis.
• Tata ing
babagan : basa sastra, tuwin patrap
• Tatas ing bab
babaran ( sistimatika ) tuwin isining wedharan
• Tetes ing bab
wijiling pangandikan : rancak, cetha, lan wirama sekeca.
• Titis tegesipun
trep kaliyan swasana.
Wondene swasana ing ngriki, nyakup : wonten upacara punapa, mapan ing pundit,
sinten ingkang midhangetaken, kados pundit wekdalipun.
Kanthi makaten nembe dipun wastani renggeping wicara, menawi wiwit saking
pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan,panjang lan
cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan jumbuh kaliyan swasana,
saha sedaya kala wau kaaturaken kanthi rancak, cetha, susila lan sekeca dipun
mirengaken.
Cekakipun renggeping wicara punika wijiling pangandikan jumbuh utawi trep
kaliyan swasana.
Rehning Panatacara, pamedharsabda punika ing salebeting pasamuan dados
punjering kawigatosan, kepara ugi mujudaken pasugatan tumprap para tamu,
pramila inggih kedah ngdi murih saged renggeping wicara.
Kathah perkawis ingkang kedahi dipun cawisaken pinangka sangu, murih saged
renggeping wicara. Ing antawisipun, saged kaperang dados 3 perangan inggih
punika :
a. Gayutan kaliyan jiwaning wedharan, inggih punika pambudidaya murih wedharing
pangandikan nggadhahi bobot/jiwa tuwin raos ( = TEKNIK PENJIWAAN )
b. Gayut an kaliyan ulah swara, inggih punika pambudidaya murih wijiling
pangandikan cetha tuwin membat mentuling swara sekeca dipun mirengaken ( =
TEKNIK VOKAL )
c. Gayutan kaliyan patrap, inggih punika pambudidaya murih patraping salira
punapa dene patraping busana netepi subasita
( = TEKNIK PENAMPILAN )
II. JIWANING WEDHARAN
Wonten saweneh Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang wedharing
pangandikanipun karaosaken tanpa jiwa tanpa raos. Pramila inggih lajeng
kapireng ampang tanpa bobot. Makaten punika, saged karana naming apalan, utawi
mboten pirsa tegesipun tembung-tembung ingkang dipun ucapaken utawi naming
adhapur tiru-tiru.
Wonten malih Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang pangandikanipun ngalantur
utawi nggladrah, naming kasurung dening raos kepingin ngetingaleken anggenipun
baut micara, lajeng mboten ngengeti wekdal, mboten mirsani gorehing para tamu
ingkang sampun kedangon lsp. Ingkang makaten punika sanadyan basanipun sae,
nanging saged kawastanan mboten trep, temahan mboten renggep.
Wijiling pangandikan Panatacara tuwin Pamedharsabda saged wonten jiwa/bobotipun,
menawi cekap sangunipun. Jalaran inggih naming kanthi sangu ingkang cekap,
badhe teteg ngadhepi beda-bedaning kawontenan, mboten “ Demam panggung “, minder, lsp.
Satemah wijiling pangandikan badhe mantep, rancak / teteh, saha katingal anjiwa
( “ Menjiwai “ )dhateng
ayahipun.
Sangunipun Panatacara tuwin Pamedharsabda, supados wijiling pangandikanipun
hanggadhahi jiwa/bobot, atawisipun wonten 5 perkawis :
1. Pirsa saestu / nguwaosi dhateng ayahipun.
2. Nguwaosi Basal an sastra
3. Teteh/Baut Micara
4. Lantip ing panggraita saha tanggap ing swasana.
5. Kagungan kawruh ingkang cekap, mliginipun ingkang gayutan kaliyan ayahan
punapa dene kawruh sanesipun ingkang pinangka payengkuyung.
Yen arep weruh trahing aluhur, titiken
saka alusing tingkah laku lan budi basane.v
Titikane wong kang wus putus ing ilmu,
yaiku saka basane kang bias gawe tentrem lan bungahing liyan.v
1. NGUWAOSI AYAHAN
Bakuning ayahan Panatacara, pinangka
sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun, Upacara saged lumampah kanthi rancak punapa
mboten, komandhonipun wonten Panatacara. Wonten upacara punika kathah paraga
ingkang hanyengkuyun, pramila murih sedaya paraga kala wau saged tumindak kanthØi trep manut jejibahanipun, kuncinipun wonten panatacara kados
pundit anggenipun nata.
Rehning Panatacara jejripun pinangka
sopir utawi Pangarsa / Pemimpin, pramila inggih kedah nguwaosi “ Managemen “ Panatacara.
Liripun, wiwit saged lumampah runtut mboten kisruh ( Perencanaan ), Kados
pundit anggenipun nata para paraga kridha darma supados saged nindakaken
jejibahanipun manut lampahing adicara ( Pengorganisasian ). Jalaran Upacara
makaten mujudaken setunggal “ sistem “ ingkang
lampahipun sineng-kuyung dening sub-sistem. Menawi setunggal sub system mboten
lumampah, badhe merbawani mboten rancakipun setunggal system kala wau. Pramila
tembungipun managemen, “ pengorganisasian lan koordinasi “ punika wigati
sanget tumrap panatacara.Ø
Dene wonten cak-cakanipun ( “ Pelaksanaan “ ) Panatasara
pinang ka sopir/kusir, pangandikan/parentahipun/komandho kedah cetha. Kanthi
makaten para paraga ingkang hanyengkuyung ing adicara kala wau saged tumindak
kanthi trep.Ø
Ingkang pungkasan gayutan kaliyan
manajemen Panatacara inggih punika “ kontrol “. Ing bab punika
Panatacara kedah tansah mbiji rancak lan mbotenipun lampahing adicara, inggih
gayutan kaliyan paraga, uborampe, punapa dene wekdal. Ugi keparenga tansah
ngulataken kados punsi semunipun para tamu hananggapi lampahing adicara.
Andhedhasar pambiji kala wau Panatacara saged tumindak kangge ngendhaleni lampahinh
adicara murih ngremenaken para tamu satemah para tamu saged jemjem lan kepareng
ngestreni upacara ngantos paripurna.Ø
Keparenga enget, bilih saweneh
ukuran/titikanipun panata cara kasil anggenipun nindakaken ayahan, ,menawi
bibaripun tamu karana upacara sampun paripurna.Ø
Manajemen ingkang katur ing nginggil
saged dipun tindakaken, menawi Panatacara pirsa saestu menggah cak-cakanipun
saben-saben adicara ingkang badhe lumampah. Wiwit saking adicara punapa,
ingkang dipun betahaken, sinten kemawon ingkang maragani, kapan adicara kala
wau katindakaken. Ingkang punika, nguwaosi kawruh bab ngadat tatacara, gendhing
lsp.Perlu sanget tumprap Panatacara.Ø
Dene Pamedharsabda, bakuning ayahipun
mahyakaken isining penggalih/ raos-pangraos dhateng tiyang kathah/tiyang sanes.
Awit saking punika, murih wedharing pangandika saged nggambaraken isining
penggalih kanthi trep, tumprap Pamedharsabda kedah pirsa wosing pangandika
ingkang kedah kaaturaken manut beda-bedaning ayahipun. Wosing pangandikan
tumprap paraga pasrah panganten, beda kaliyan wosing pangandikan atur
pambagyaharja, lsp.Ø
Babagan punika badhe karembag malih ing perangan babaring wedharan.
2. NGUWAOSI BASA LAN SASTRA
Paraga panatacara punapa dene
Pamedharsabda, murih saged renggeping wicara ugi kedah nguwaosi basal an
sastra, jer basa mekaten ingkang pinangka piranti ( alat ) kagem medharaken
isining penggalih. Wondene basa ingkang sae inggih punika basa ingkang trep
kaliyan swasana ( Upacara punapa, sinten ingkang midhangetaken, wonten pundit
papanipun ).Ø
Ingkang wigati lan kedah dipun kuwaosi,
inggih punika bab pamilihing tembung trep, pramila kedah pirsa bab.Ø
Murih pamilihing tembung trep, pramila
kedah pirsa bab unggah-ungguhing basa, inggih punika pamilihing tembung ingkang
trep pangetrapipun wonten ing warni-warnining golongan tiyang ing bebrayan.
Pramila kedah dipun kuwaosi antawisipun tembung ngoko, krama, karma inggil lsp.
Tuladhanipun : tembung “ kandha “. Menawi kagem anem dhateng sepuh lajeng dados “ Matur “, dene kagem
ingkang sepuh dhateng anem lajeng dados “ Ngendika “.Ø
Ngengingi Unggah-ungguhing basa,
pinangka pathokan keparenga pribadinipun Panatacara / Pamedharsabda hanganggepa
ingkang dhawah anem utawi ingkang dhawah asor.Ø
Tuladha : Pasrah panjenengan pinanganten kakung, kula tampin kanthi suka
renaming penggalih. Punika lepat.
Leresipun : kula tampi kanthi suka bingahing manah.
Kejawi Unggah-ungguh basa,ugi kawruh bab
sastra Jawi kadosta ingkang gayutan kaliyan : purwakanthi, wangsalan, bebasan
lsp. Ugi kedah dipun kuwaosi, murih saya endah edining basa ingkang badhe
merbawani dhateng renggeping wicara.Ø
3. BAUT / TETEH MICARA
Baut micara utawi teteh micara ing
ngriki, inggih punika wijiling pangandika rancak lan mboten wongsal-wangsul
keclitut, mboten sekedhap-sekedhap eeeeee, …….. eeeee………Ø
Saupami tanpa rinaos kalajeng ketrucut
kawijil tembung ingkang mesthinipun mboten trep, saged ngenggokaken satemah
mboten ketingal sanget lepatipun.Ø
Supados baut micara, mboten wonten cara
sanes kejawi naming kedah kathah gladhen sesorah saha sregep ngracik
ukara-ukara lajeng dipun apalaken.Ø
4. LANTIP ING PANGGRAITA / TANGGAP ING SWASANA
Panatacara tuwin Pamedharsabda ugi kedah
lantip lan cepet tanggap ( “ Peka “ )dhateng
swasana. Upaminipun, wekdalipun sampun kasep saking rantaman, tamu sampun
katingah goreh, tumprap Panatacara utawi Pamedharsabda ingkang tanggap dhateng
kawontenan, mboten badhe matur kanthi panjang temtu badhe matur kanthi cekak
aos.Ø
Makaten ugi menawi satunggaling wanci,
karana kawontenan Panatacara kedah damel putusan ngowahi urutaning adicara,
utawi kedah tumindak murih upacara tetep katingal lumampah rancak. Punika
mbetahaken lantiping panggrahita tuwin kedah-tansah mulat dhateng swasana.Ø
5. SUGIH KAWRUH
Panatacara tuwin Pamedharsabda badhe
langkung moncer malih, menawi ugi sugih kawruh. Liripun kejawi kawruh ingkang
gayutan kaliyan basa, nanging ugi kawruh sanes-sanesipun ingkang wonten sambet
rapetipun kaliyan medharsabda. Kanthi sangu kawruh ingkang pepak, Panatacara – Pamedharsabda
mboten badhe samara ing kawontenan kados pundit kemawon, saha badhe saya damel
rancaking pangandikan.Ø
Prayogi sanget menawi tansah remen maos
buku-buku kapustakanØ
III. ULAH SWARA / TEKNIK VOKAL
Suwara, mujudaken piranti ingkang baku
tumprap Panatacara tuwin Pamedharsabda, jalaran swara punika dhapur babaring
sana. Tiyang saged dipun wastani wicaranipun “ Lus Mardawa “ katitik saking
wuwantenipun.Ø
Awit saking punika pangolahing swara,
kedah kaudimurih: Ulem, dhekung, membat mentul satemah sekeca kamirengaken.Ø
Ingkang kedah dipun gatosaken ing bab
pangolahing swara, antawisipun :Ø
1. Dhasar swara
Dhasar swara ingkang ageng lan bass, mujudaken pawitan ingkang sae tumprap
Panatacara – Pamedharsabda, jalaran badhe ambabar swara ingkang ulem lan
kung.
Sanadyan makaten, tumprap ingkang mila dhasar santenipun alit / tribell sampun
ngantos dipun damel-damel supados ageng jalaran sanadyan wiwitanipun ageng
nanging dumugi tengah badhe blero wangsul aslinipun. Kamangka ingkang sae swara
punika wiwit kawitan dumugi pungkasanipun pantog. Pramila bakunipun kanthi
dhasar swara ingkang dipun darbeni, kaudi murih cetha, bening mboten esek.
2. Kedal
Pangejaning abjad, mugi kaudi murih cetha lan leres. Ingkang punika obahing
lesan saha pirantos sacelaking lesan sageda mapan kanthi merdika ambabar
swaraning basa.
da : mardika, dahat dha : pidha
ta : tata, titah tha : cumanthaka, pinetha
Makaten ugi swara aksara : a – i – u – e – o, kedaling
lesan kedah merdika murih ambabar swara ingkang cetha.
3. Ucapan
Pangucaping tembung, kaudi murih cetha, langkung-langkung mingsad-mingseding
tembung lingga, supados mboten kaclithut.
pandam – pandoming cupet – ceweting
wijang – wijiling golong – gilig
pinantha – pantha – pepanthan tregal - tregel
4. Lagu
Lagu ing ngriki nyakup : sora-lirihing swara, panjang cendhaking swara,
rindhik-rikating swara, inggil andhaping swara, saha membat mantuling swara
tuwin lak-luking swara. Basa jawi punika lagunipun dekung, mboten melodhiyus,
mboten rempeg renyah. Pramila kedah kagladhi lan kaudi murih swanten saged
wijang, wirama lan wirasa, mboten “ Monoton “. Pangudinipun
karana gladhen ngendikan sakathah-kathaipun.
5. Microfon
Kangge nambahi daya murih swanten saged kapireng dening akathah, jaman samangke
sampun limrah kanthi ngginakaken microfon. Ingkang perlu pikantuk kawigatosan
salebetipun ngginakaken Mic, inggih punika :
a. Letipun tutuk kaliyan Mic, gumantung peka lan mbotenipun Mic. Kangge Mic
ingkang peka, sampun ngnatos kecaketan jalaran swanten badhe kapireng bindheng
mboten cetha. Sepinten letipun ingkang pas, prayogi saderengipun upacara
kawiwitan kedah kacobi langkung rumiyin. Pinangka ancer-ancer kirang langkung 5
nyari.
b. Rikala badhe ngendika caranipun nandha Mic, sampun ngantos kasebul sora
utawi dipun thothok sora wongsal-wangsul. Punika kalebet patrap ingkang kirang
prayogi. Cekap kanthi kagrayang temtu sampun badhe ketawis.
c. Medharsabda kanthi ngginakaken Mic, volume suwara kedah dipun kirangi mboten
perlu sora-sora, supados sekeca dipun mirengaken.
IV. PATRAP / TEKNIK PENAMPILAN
Patrap ( Penampilan ) badhe merbawani ugi dhateng renggeping wicara. Babagan
patrap punika badhe kaperang dados kalih, inggih punika patraping sarira saha
patraping busana.
1. Patraping Sarira
Solah bawa, greget, saut, tandang graying, kaudiya murih sembada, susila, lan
prasaja.
a. Wiwit tindak tumuju ing papan medharsabda, lumampah kanthi prasaja,
jumangkah mantep mboten kesesa, lan susila. Dumugi sangajenging para tamu
ngaturaken sembah kalbu, pinangka atur pakurmatan dhumateng para tamu.
b. Dumugi sangajenging MIc, mboten kesesa ngendika. Penggalih dipun tentremaken
kaliyan mirsani sedaya tamu kanthi warata.
c. Rikala ngendika / medharsabda :
• Polatan tansah
sumeh
• Asta
ngapurancang, kejawi dipun betahaken
• Jumeneng kanthi
jejeg mboten mirsani manginggil utawi mangandhap.
• Mboten
wira-wiri ( prayogi wonten paraga pambiyantu kagem sesambetan dhateng paraga
sanes ).
• Nilaraken
pakulinan / saradan ingkang kirang prayogi, kadosta : ngulat-ulet kabel Mic,
asta kabanda, asta mlebet sak, cagak Mic terus dipun cepengi, lsp.
• Mboten sinambi
ngrokok, lan gegujengan.
d. Salebetipun maraga mliginipun panatacara, prayogi mboten dhahar, ngunjuk
sawetawis kemawon supados tenggorokan mboten salit. Cekakipun sampun ngantos
katinggal sanget.
e. Rikala pinuju lenggah ( Panatacara ), sikepipun tetap susila, mboten
leyeh-leyeh, suku mboten jegang, lsp.
2. Patraping Busana
Winasis ngendika bilih “ ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana”. Busana saged asung
prabawa tuwin wibawa tumprap ingkang ngagem. Ugi saged damel saya nambahi
kapitadosan dhiri, satemah badhe merbawani dhateng renggeping wicara.
Patraping busana, kedah kajumbuhaken kaliyan swasana tuwin upacara ingkang
lumampah. Liripun, menawi wonten upacara adapt jawi para paraga sami ngagem
busana kejawn, mila Panatacara-Pamedharsabda ugi kedahipun ngagem busana
kejawen. Makaten ugi kagem siang punapa ndalu gayutanipun kaliyan warnining
busana inggih kedah jumbuh.
Pangangeming busana ugi kedah leres lan trep. Liripun menawi pinuju busana
kejawen, wiwit pangangeming nyamping beskap, dhestar, dhuwung, jumbuh kaliyan
gagrag busana ingkang dipun agem ( Surakarta utawi Ngayogyakarta ).Menawi
ngagem busana Nasional, inggih ingkang leres. Upaminipun ngagem Jas inggih
jangkep kaliyan dhasi, sepatu.
V. BABARING WEDHARAN
Wedharing pangandikan, saged kadamel rowa utawi ringkes. Makaten ugi ing bab
basa ingkang kaginakaken, saged kanthi basa ingkang prasaja utawi basa ingkang
rinengga. Sedaya kala wau gumantung swasana, wonten upacara punapa, sinten
ingkang midhangetaken, saha wekdalipun ingkang sumadiya.
Baunipun wedharing pangandikan kedah urut runtut (sistimatis), cetha
pilah-pilahipun, isining wedharan jumbuh kaliyan ayahan ingkang sinangkul.
Babaring pangandikan, prayogi kaperang dados tigang perkawis, inggih punika :
1. Purwaka, inggih punika atur ingkang pinangka pambuka.
2. Isi utawi perangan wigati, inggih punika wosing pangandikan.
3. Wasana, inggih punika atur ingkang pinangka panutup.
TUMPRAP PANATACARA :
Ingkang kalebet ing perangan Purwaka antawisipun :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Muji syukur dhateng Alloh ingkang maha Agung
- Ngaturaken reroncening adicara
- Babar pisan pambuka ka-aturaken, lajeng para tamu kasuwun sekeca lenggah
hangantu adicara salajengipun.
Ingkang kalebet perangan wigati tumrap panatacara, inggih punika ngaturaken
saben-saben adicara. Kalebet wonten kalanipunugi panyandra. Ingkang kedah
pikantuk kawigatosan tumprap panatacara, inggih punika ngaturaken adicara
ingkang badhe lumampah, mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipun
aturi kanthi cetha.
Gayutan kaliyan panyandra, lugunipun panyandra makaten naming dhapur palapuran
kasunyatan ingkang nembe lumampah ( laporan pandangan mata ), ingkang saged
kagem ngregengaken swasana. Awit saking punika Paugeranipun nyandra,
antawisipun : Ingkang dipun candra kasunyatan, mboten damel gerahing penggalih
ingkang dipun candra punapa dene para tamu, tembung / basanipun tetep susila (
mboten lekoh ) lan ngremenaken.
Wondene perangan wasana, tumprap panatacara antawisipun
Nyuwun pangapunten dhateng sedaya
kekirangan saha kalepatan anggenipun nindakaken jejibahan.-
Ndherekaken sugeng konduring para tamu-
Ngaturaken adicara panutup / Hamungkasi
upacara saha salam panutup.-
PAMEDHARSABDA
Rehning wonten warni-warni medharsabda, pramila bedanipun ing bab isi / wigati
utawi wosing pangandikan. Wondene perangan purwaka saged kawastanan bakunipun
sami.
Perangan Purwaka, ngemot :
Uluk salam/salam pambuka-
Pakurmatan dhateng tamu-
Muji syukur dhateng Gusti Alloh ingkang
maha Agung-
Ngaturaken ayahipun.-
Dene perangan isi utawi wigati saha wasana, gumantung ayahinipun.
1. Pasrah Penganten Kakung
Bakunipun naming kalih perkawis, inggih punika :
Ngaturaken salam taklimipun ingkang sami
bebesanan-
Pratignyan / Ikrar pasrahipun penganten
kairing panyuwun.-
Panyuwun ing ngriki, gumantung cak-cakipun pasrah mapan ing adicara pundit.
Menawi pasrahipun saderengipun kaijabaken, nyuwun supados kaijabeken. Menawi
sampun ijab saderengipun upacara daup/panggih, nyuwun supados kapanggihaken
manut tata upacara adapt ingkang lumampah. Dene menawi pasrahipun sampun ijab
saha panggih, nyuwun kagula wethah ingkang sae.
Menawi wonten sanesipun ingkang kedah kaaturaken, saged katambah, upaminipun :
badhe kaboyong, babar pisan matur nyuwun pamit sasampunipun purna, inggih dipun
aturaken.
Wasana :
Nyuwunaken panganpunten kalepatanipun
sedaya pengombyong-
Nyuwun pangapunten kalepatanipun pribadi
ingkang pasrah-
Salam panutup.-
2. Pasrah Pengantin sarimbit ing upacara boyong
Isining wedharan, sami kaliyan pasrah pengantin kakung, bedahipun :
Salam taklim-
Atur palapuran kaleksananing Ijab saha
wiwahan wonten kulawarga putri-
Pratignyan pasrah pengantin sarimbit
kanthi panyuwun sumangga anggenipun paring pangrengkuh saha panggulawenthah
dhateng besan saha bebrayan/masyarakating ngriku.-
Nyuwunaken panganpunten kekirangan saha
kalepatan wiwit nampi rembag sepisanan, ngijabaken saha miwaha dhauping
pengantin, ngantos anggenipun ndherekaken boyong.-
Perangan wasana :sami kaliyan pasrah pengantin kakung
3. Penampi Penganten
Lugunipun wosing pangandikan, manut kaliyan isining pangandikan sakiing paraga
ingkang pasrah. Pramila perangan wigati ngemot :
Ngaturaken sugeng rawuh dhateng duta
miwah pengayab-
Nampi salam taklim, saha wangsul
ngaturaken salam taklim-
Pratignyan/ikrar nampi pasrahipun
penganten saha panyuwunipun badhe dipun tindakaken-
Ngaturi sekeca lenggah ngestreni wiwahan
ngantos purna.-
Wasana :
Nyuwunaken pangaksami kalepatanipun
ingkang mengku gati menawi wonten kalepatan anggenipun nampi.-
Nyuwun pangapunten kalepataning pribadi-
Salam panutup.-
4. Atur Pambagya/Sulih ingkang kagungan kersa / Panitya
Wigati/isi :
Ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun
rawuhipun tamu.-
Ngaturaken ujubing gati/ khajadipun
punapa kapan kalesananipun, para tamu kasuwun punapa ).-
Ngaturaken panuwun awit pambiyantunipun
sanak kadang, tangga tepalih, saha sumbang sih saking para tamu. Mboten saged
atur pinwales mugi Gusti ingkang males.-
Nyuwunaken pangapunten kekirangan
kalepatanipun ingkang kagungan karsa ing sedayanipun.-
Wasana :
Kasuwun nglajengaken nggenya lelenggahan
ngantos purna-
Para tamu kasu-wun hangedhapi /hangrahabi pasugata
Nyuwun pangapunten kalepataning pribadi-
Salam panutup-
5. Wursitawara / Sabda tama
Purwaka :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur
6. Tanggap wasaca / sabda ( = Sambutan / sanes wejangan ) saking Pangarsa
Instansinipun Pengantin
Purwaka :
- Salam pambuka
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur dhateng Pangeran
- Ngaturaken panuwun dhateng Panatacara paringipun wekdal
Wigati :
- Mangayubagya dhateng Pengantin saha rama ibunipun.
- Pangajab saha pitedah dhateng pengantin, gayutipun kaliyan Dinas,
sasampunipun palakrama.
Wasana :
- Ndherek memuji mugi pengantin kasembadan ing sedya.
- Nyuwun pangapunten lepating atur
- Salam panutup.
PAMRAYOGI :
1. Uluk Salam / salam pambuka, tumprap ingkang ngrasuk agami islam salam
kalajengaken tahmid, shahadat, sholawat, mboten wonten lepatipun. Namung menawi
katambah ayat Al –Quran lan hadist kedah kapilih ingkang jumbuh saha wonten
andharan mangke badhe ngaturaken bab punika. Pramila trepipun ingkang mawi
katambah ayat-ayat punika kagem ingkang tanggap sabda utawi wursitawara.
2. Pakurmatan dhateng para tamu
Ngengeti wekdalipun winates lan supados mboten kekathahen, parayogi dipun
jamak, kanthi para tamu kaperang dados 3 golongan :
- Para Alim, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten
- Para manggalaning praja ( menawi wonten ) ingkang sinudarsana
- Para rawh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.
3. Babaring wedharan badhe panjang punapa cekak, kedah kajumbuhaken kaliyan
swasana. Makaten ugi babagan basa, badhe madya puanapa basa rinengga ugi kedah
mulat dhateng ingkang midhangetaken saha ing upacara punapa.
VI. PANUTUP
Atur sapala punika adhapur ancer-ancer tumprap para kadang ingkang badhe
amarsudi pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda, mugi saged kagem tetimbangan.
Amrih langkung cetha, samangke badhe ka-aturaken tuladha sawetawis aturipun
Panatacara- Pamedharsabda ing wiwahan Panganten, katambah ngadani upacara
bidhaling layon.
Ing wasana sugeng gladhi, murih dumugi ingkang kaesthi dados juru ladining bebrayan
ingkang utami.
• Kamulyaning
urip iku dumunung ana tentreming ati
• Wong linuwih
iku, ambeg welas lan sugih pangapura
• Wong kang ora
weruh tata karma uda Negara, iku padha karo ora bias ngrasakake rasa nem
perkara ( legi, kecut, asin, pedhes, sepet lan pahit ).
• - Panjangka iku
tekane kudu dipapag nganggo panjangkah
- Jumangkah iku kudu nganggo : wewaton, wewarah lan wirama
- Wewatoning urip yaiku ngibadah, wewarahing urip yaiku syari’ ah, dene
wiramaning urip yaiku ihklas.
- Ibadah kelakone kanthi niat, Syari ‘ ah jejege perlu kapercayan, dene
ikhlas bias wujud lamun ana panarima.
- Tuking niat ana ati, tuking kapercayan ana akal, tuking panarima ana
telenging pangrasa.
Tidak ada komentar:
Write komentar