Sedahan

Masbudnasia

wewangson

Suro diro jayaningrat lebur dening pangastuti

sapa cidra wahyune bakal sirna

Minggu, 15 November 2015

Paramasastra basa Jawa

SINAU PARAMASASTRA JAWA

 Paramasastra iku ngèlmu tata basa lan sastra, utamané basa Jawa. Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan "Paramasastra" kang dianggit déning sawetara pujangga. Tembung iki dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra Bab lan Paragraf .

·         1 Paugeran dhasar 
·        
Tata pikir wong Jawa wiwit jaman biyèn wis ngenali anané "cipta-rasa-karsa". Dhèskripsi filsafat bab basa dumadi saka tataran "madubasa-madurasa-madubrata" sing nyakup "purwa-madya-wasana". Madubasa, kuwi kawruh bab sopan-santun lan adat-istiadat nalika migunakaké basa. Madurasa, kuwi ngenani tepasalira, tepa-tepi, unggah-ungguh, éguh-tangguh, tuju-panuju, empan-papan, kala-mangsa lan duga-prayoga. Déné madubrata, ngenani bab éling lan waspada, nawung kridha lan pangastuti.

·         Struktur basa 

Minangka alat komunikasi, stuktur basa Jawa katata jroning aksara lan tembung sing karangké dadi ukara, kanthi migatèkaké paugeran kang gumathok miturut konsèpsi dhasar ing dhuwur. Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero dipigunakaké sawetara èlmu sing tansah dipatrapaké nalika nyinau basa, yakuwi antara liya:

1.        Widya aksara utawi Widyaswara/ (fonologi)
Ingkang dipunwastani widyaaksara (fonologi) punika tembung, wicara, bahan pirembagan menika salah sawijining bidang basa ingkang nyinaoni sistèm fonèm-fonèm ing sajroning sawijining basa minangka perangan kang mbedakake makna. 
Widyaswara dumados saking tembung widya = ngelmu, swara = uni.
Widyaswara ateges ngelmu ingkang ngrembag lan nyinau bab swanten/uni. Swanten ingkang dipunrembag ing mriki, inggih punika swanten ingkang wonten tegesipun sanes ingkang boten wonten tegesipun.
Dados, widyaswara punika ngrembag swanten-swanten ingkang saged milah wujud lan teges (distingtif).

1. Swanten
Swanten punika mungelipun angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk. Medalipun swanten wau wonten ingkang mawi pancadan gorokan, cethak, ilat, untu utawi lambe, lan wonten ingkang boten mawi pancadan punapa-punapa.
Adhedhasar medalipun swanten, fonem basa Jawa saged dipunpilah dados kalih, inggih punika, swanten gesang (vokal) lan swanten pejah (konsonan).

a. Vokal = swanten ingkang gadhah ungel utawi swanten ingkang mungel jalaran medalipun angin saking paru-paru ingkang kawedhar lumantar tutuk boten wonten ingkang ngalang-alangi.
Inggih punika : a swara miring (aku), a swara jejeg (sapa), o (obah), i (ilang), u swara jejeg (urip), u swara miring (biyung), e swara jejeg (ewuh), e pepet (elar) lan e miring (estu).

b. Umlaut = Owahipun vokal ing wandanipun tembung, jalaran kawuwuhan panambang tinamtu (modifikasi vokal). Utawi owahipun swantena miring dados jejeg jalaran kawuwuhan panambang. Ing basa Jawa umlaut dipilah dados kalih :

1) Owahipun swanten kendho dados kenceng. (arit + e = arite, jagung + e = jagunge, siwur + e = siwure).
2) Owahipun swanten wingking dados ngajeng. (arta + e = artane, dina + e = dinane, liya + e = liyane).

c. Vokal rangkep = diftong = vokal cacah kalih ingkang benten wujudipun lan dumunung ing satunggalinipun wanda tembung. Manawi wonten vokal rangkep nanging boten dumunung ing wanda, swanten rangkep punika boten saged dipunwastani diftong. Basa Jawa (baku/standar) boten gadhah diftong kados basa Indonesia. Swanten (ae) ing tembung wae, kae lan jae sarta swanten (ai) ing tembung pait, jait lan paing boten klebet diftong, awit swanten (ae) ing tembung punika namung awujud vokal rangkep ingkang dumunung ing satunggalipun tembung sanes ing wanda.
Mila, tembung-tembung punika saged dipunpisah dados wa-e, ka-e, ja-e, pa-it, ja-it lan pa-ing. 
Ing Jawa sisih wetan (Jawa Timur) wonten swanten rangkep ingkang awujud diftong, ingkang asring kepireng ing satunggaling tembung, ingkang mengku pikajeng nyangetaken, (abuh dados uabuh, gedhe dadi guedhe). Ing Surakarta lan Yogyakarta, kangge nyangetaken tembung racakipun ngangge variasi vokal utawi ngginakaken tembung banget. (abang = abing, lara = laru, panas = panas banget).

2. Konsonan.
Konsonan punika swanten ingkang tanpa ungel utawi swanten ingkang dereng mungel manawi dereng dipunsambung kaliyan vokal. Kaanggep swanten ingkang tanpa ungel jalaran angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk dipunalang-alangi lambe, untu, ilat, cethak lan gorokan.
a. Swanten lambe (konsonan bilabial) = p, b, m, w.
b. Swanten untu (konsonan dental).
1) Apikodental = d, t
2) Apikoalveolar = n, l, r
3) Apikopalatal = dh, th
4) Laminoalveolar = s
c. Swanten cethak (konsonan palatal) = c, j, ny, y
d. Swanten gorokan (konsonan velar) = k, g, ng
e. Swanten Laringal (hamsah = h , tuladha hapsara) utawi Glotal (swanten ampang = k ampang).

Konsonan basa Jawa kagolong dados sekawan :
• swanten ampang,
• swanten anteb,
• swanten irung lan
• swanten manda-manda.

Gatosaken Tabel ing ngndhap punika :

Jinis Swanten

Lambe Untu Cethak cethak
Gorokan
Pucuk Ilat 
Minggah Boten minnggah 
Swanten nutup Ampang p t t c k
Anteb b d d j g
nasal m n n n
Ngeses s h
Geter l, r 
Manda-manda w y 
Glotal ?
Perlu dipungatosaken :
Swara th lan dh ing basa Jawa sanes alofon ananging klebet fonem ingkang benten, ingkang saged ngowahi suraosipun tembung.

Tuladha :
Adhi - adi
Wedhi - wedi
Konsonan khas (aspirat).
Konsonan aspirat awujud swanten (h) ingkang tansah tumempel ing swanten anteb b, d, d, j lan g. Manawi dipungatosaken kanthi permati, konsonan aspirat punika sanes fonem nanging alofon.
3. Prenasalisasi.
Swanten irung ingkang tansah ngrumiyini swanten-swanten anteb (b, d, dh, j lan g).

Tuladha : nJepara, mBali, ngGresik, mBandung,
mboten).

4. Gugus konsonan (klaster).
Konsonan rangkep ingkang benten wujudipun, ingkang dumunung ing satunggalipun wanda lan boten dumunung ing satunggalipun tembung.
Swanten anteb lan swanten ampang utawa ngeses, racakipun saged sumambung kaliyan swanten l lan r.

Tuladha :
Pl, tl, cl, kl, bl, dl, jl, gl, sl, pr, tr, tr, cr, kr, br, dr, dr, jr, gr, sr, cw, kw, jw, sw, wr, ky, by

5. Urutan Fonem Ing Wanda/Kaidah Fonotaktik.
(Urutan fonem wandanipun tembung lingga)
a. V - i-ki, a-ku
b. VK - un-dhuh, en-theng
c. KV - di-na, be-bek
d. KVK - gim-bal, tum-bal
e. KKV - tli-ti, ble-ro
f. KKVK - blim-bing, pren-tah

Swanten irung ingkang ngrumiyini tembung (ndlosor, ndlesep) boten kepetang.

6. Obah-owahe swanten
Owahipun swanten nanging boten ngowahi suraosipun tembung. Obah-owahipun swanten amargi katambah utawi dipunsuda swantenipun punapadene swanten ingkang ngalih papan. Gandheng dereng wonten tembung ingkang tegesipun sami kados tembung manca punika, mila tembung-tembung punika kepeksa dipunampil.
a. Panambahing Swara.
1) Protesis = tambahipun swanten ing wiwitanipun tembung. (nanging – ananging, jare – ujare, ana – nana, ing – ning adi – hadi).
2) Epentesis = tambahipun swanten ing tengahipun tembung. (kambil – krambil, akasa – angkasa, ngipi – ngimpi, upama – umpama).
3) Paragog = tambahipun swanten ing pungkasanipun tembung. (ora – orak, ibu – ibuk).
b. Panyudanipun Swanten (abreviasi).
Aferesis = sudanipun swanten ing wiwitanipun tembung. (kakang – kang, uwong – wong, bapak – pak, bisa - isa, simbah – mbah).
Tembung madya saged klebet aferesis, awit tembung madya racakipun saking tembung wetah ingkang namung dipunpendhet sakperangan.
(panjenengan – njenengan, dhateng – teng, mangga – engga).
1) Sinkop = sudanipun swanten ing tengahipun tembung. (sethithik – sithik, temenan – tenan, njaluk – njuk, dhuwit – dhit, weneh – weh).
2) Apokop = sudanipun swanten ing pungkasanipun tembung. (temenan – temen, kuluban – kulub, bakyu – bak, dhimas – dhi).
c. Gesehipun Swanten.
Gesehipun swanten wonten ingkang jalaranipun liru papan lan wonten ingkang jalaranipun swanten ingkang sami.
1) Metatesis = owahipun swanten jalaran lintu dunungipun swanten. (wira-wiri = riwa – riwi, sruput – srutup, bejad – jebad).
2) Desimilasi = owahipun swanten jalaran wonten swanten ingkang sami. Swanten ingkang sami ing tembung, lajeng dipundadosaken swanten sanes. (lara-lara = lara-lapa, rara-ireng = lara-ireng).
d. Variasi bebas.
Wujud lira-lirunipun swanten tanpa ngowahi suraosipun tembung. Lira-lirunipun swanten punika asring kedadosan antawisipun swanten ingkang nunggil asal.
Upaminipun antawisipun swanten b lan w, d lan t, ka lan g. (bulan – wulan, bengi – wengi, bae – wae, dakjupuk – takjupuk, kegedhen – gegedhen).
Fonem vokal ugi saged lira-liru tanpa ngowahi suraosipun tembung inggih punika swanten a lan swanten e. (takon – tekon, lanang – lenang, sadaya – sedaya).
e. Asimilasi.
Owah-owahanipun swanten amargi njumbuhaken kaliyan swanten sanesipun ingkang wonten ing tembung.
Tuladha :
 tembung upama – umpama (wontenipun swanten m ing tembung, punika kedaya saking swanten p ingkang mapan ing sisihipun fonem.§
 Tembung jumlah – jumblah ((timbule swara b ing tembung punika kedaya saking swanten m ingkang mapan ing sisihipun fonem.§
7. Ejaan Basa Jawa
a. Ejaan Basa Jawa mawi Aksara Latin (EYD).
Basa Jawa asli boten gadhah swanten f, q, v, x lan z. Nanging Basa Jawa Enggal gadhah.
1) Panyeratipun Vokal Basa Jawa.
(a) Panyeratipun swanten a jejeg kedah dipunserat ngangge aksara a sanes o (ungelipun nglegena). Dene swanten ingkang dipunlambangaken mawi aksara a punika benten kaliyan swanten o. Kangge niteni : Manawi swanten a mapan ing tembung lingga lan tembung punika kawuwuhan panambang e swanten a wau lajeng owah dados a miring, panyeratipun swanten kedah dipunserat mawi aksara a (arta – artane, bala – balane, rupa – rupane).
Nanging manawi wonten swanten ingkang mapan ing tembung lingga lan tembung wau dipunwuwuhi panambang e tembung punika ajeg utawi boten owah, tembung punika kedah dipunserat mawi aksara o. (growong – growonge, sorot – sorote, kopi – kopine, kodhok – kodhoke).
(b) Panyeratipun swara i.
- i jejeg (swara memper e ) = manawi tembung dipunwuwuhi panambang – e swanten ing tembung wau owah dados i. (cacing – canginge, maling – malinge, arit – arite).
- i miring = senajan dipunwuwuhi panambang e swanten wau tetep/boten owah. (siji – sijine, biji – bijine).
(c) Panyeratipun swanten U.
 U jejeg = senajan dipunwuwuhi panambang –e boten owah.§
Tuladha : tebu, aku, putu.
 U miring (swanten memper O) = swantenipun memper o mapan ing tembung lingga lan dipunwuwuhi panambang -e swanten wau malih dados u , panyeratipun ngangge aksara u.§
Tuladha : siwur – siwure, jagung –
jagunge, parut – parute,
wedhus – wedhuse.
2) Panyeratipun Konsonan.
Ing basa Jawa antawisipun pocapan lan seratan kalamangsanipun benten utawi boten sami.
(a) Panyeratipun aspirat.
Swanten anteb basa Jawa asring kedunungan swanten aspirat (h) , nanging boten perlu kaserat, awit swanten punika boten klebet fonem nanging alofon.
Tuladha : bhaphak – bapak, dhurung – durung.
(b) Panyeratipun prenasalisasi.
Prenasalisasi punika swanten irung ingkang tansah ngrumiyini satunggalipun tembung nalika dipunucapaken. Sedaya tembung ingkang wiwitanipun mawi swanten anteb badhe dipunrumiyini swanten irung. Limrahipun tembung aran (kata benda) utawi nedahaken papan.
Tuladha :
mBali – Bali,
mBandhung – Bandung,
nJepara – Jepara,
ngGresik – Gresik,
ndalan – dalan.
Sanajan ing pocapan swanten irung tansah ngrumiyini swanten anteb, swanten irung boten perlu dipunserat.
(c) Panyeratipun Glotal lan Retofleks.
Swanten (k) ing pungkasanipun tembung kabeh badhe dipunucapaken dados (?) utawi k manda-manda, kedah dipunserat k. semanten ugi swanten (t) lan (d) retofleks, swanten punika kedah dipunserat nangge th lan dh.
Tuladha : simbo? – simbok, kepla? – keplak, tole – thole, dawuh – dhawuh.
(d) Panulise Mandaswara.
Mandaswara punika swanten manda-manda ingkang mapan ing antawisipun vokal kalih (nanging sanes diftong) ingkang benten ungelipun. Ingkang klebet mandaswara (y, w). Manawi mapan ing tembung lingga perlu dipunserat, nanging manawi mapan ing tembung andhahan boten perlu dipunserat.

- Tuladha ing tembung lingga : priya – priya, duwit – dhuwit, satria – satriya.
- Tuladha ing tembung andhahan : rabi – rabia, wani – wania, tuku – tukua, lunga – lungaa.
b. Ejaan Basa Jawa mawi Aksara Jawa.
Sasampunipun agama Islam rumasuk ing tanah Jawa lan Walanda njajah bangsa Jawa, basa Jawa wiwit kenging dayanipun basa Arab lan Walanda.
Wiwit punika basa Jawa tepang swanten f, q lan z. Swanten punika dipunserat mawi aksara p, k lan s kawuwuhan ceret tiga ing nginggilipun aksara kasebut. Aksara daden-daden wau lajeng sinebat aksara rekan.
               2. Widya tembung (morfologi)
Ingkang dipunwastani widyatembung utawa morfologi punika rerangkèning swanten ingkang kawedhar saking salebeting tutuk ingkang ngemu teges saha kamangretosan suraosipun. Widyatembung utawi tata tembung punika kalebet sempalaning paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadosing tembung, saha éwahipun satunggaling tembung dados tembung sanès karana pikantuk wuwuhan utawi imbuhan. 
Widya tembung punika ngelmu ingkang nyinau bab tembung (morfologi). Tembung punika rerangkening swanten ingkang kawedhar lumantar tutuk ingkang ngemu teges lan kasumurupan suraosipun.
1. Wujudipun tembung.
Tembung Lingga (kata asal/dasar). Inggih punika tembung ingkang tasih wetah/wungkul/ wantah/asli, ingkang dereng rinaketan imbuhan. Tembung lingga wonten ingkang namung sawanda, kalih wanda, utawi tigang wanda. Wanda (suku kata).
Tuladha : gong, bom, las, cet, pari, pitik, wajan, jagung, rekasa, kulina, padharan, mustaka.
Wanda wonten kalih : wanda menga (suku terbuka) awit pungkasanipun wanda awujud vokal, lan wanda sigeg (suku tertutup) awit pungkasanipun wanda awujud konsonan.
Wod = akar kata. Wujudipun namung sakecap utawi sawanda. Sor, lur lan sup. Saged dipunpadosi tegesipun cendhek, dawa lan mlebu.
Endhek : asor, dlosor, ngisor.
Dawa : alur, ulur, mulur.
Manjing : susup, angslup, tlusup.
Etimologi : ngelmu ingkang nyinau tembung lingga ingkang asalipun saking tembung wod.
Tembung Andhahan.
Ing basa Indonesia dipunwastani kata jadian, lan tembung insampun owah saking lingganipun amargi dipunwuwuhi imbuhan. Wonten ingkang mastani bilih tembung andhahan punika tembung lingga ingkang sampun dipun rimbag. Pangrimbagipun tembung lingga dados tembung andhahan, kanthi muwuhaken imbuhan ing ngajeng, tengah utawi ing wingkingipun tembung lingga.
Imbuhan (afiks), wonten sekawan (4) inggih punika :
• ater-ater,
• seselan,
• panambang
• imbuhan bebarengan.
1). Ater-ater.
Ater-ater punika imbuhan ingkang mapan wonten kawitanipun tembung/ngajeng tembung.
Ater-ater ing basa Jawa kathah sanget kawimbuhan, ater-ater anuswara : a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa-, pa anuswara-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, lan kapi-. Ater-ater wau panyeratipun tansah gandheng karliyan tembung linggane.
 Ater-ater anuswara (swara irung).§
Ater-ater niki meh sami kaliyan awalan meng- ing basa Indonesia. Ingkang klebet ater-ater anuswara : m-, n-, ng- ny-. 
Saged ugi dipunwastani ater-ater m-, n-, ng- ny- klebet alomorf ater-ater A-. Tembung lingga ingkang wiwitanipun aksara p, w, t, th, c, k, s manawi dipunwuwuhi ater-ater A-, aksara p, w, t, th, c, k, s ing kawitanipun tembung badhe luluh.
Tuladha :
m- + pacul - macul
m- + weling - meling
n + tutup - nutup
n + thuthuk - nuthuk
ng- + keplak - ngeplak
ny- + cacad - nyacad
ny- + suling - nyuling
Ing basa rinengga (ragam susastra), ater-ater a_ kalamangsanipun dados am (ham), an (han) ang (hang) lan any- (hany).
Tuladha :
m ---------- ham = mbalang ---- hambalang
An ---------- han = nuthuk ------ hamnuthuk
Ang -------- hang = nggodhog – hanggodhog
Any---------- hany = nyuwil ----- hanyuwil
Manawi sumambung kaliyan tembung lingga sawanda, ater-ater ng- malih dados nge- :
Ng + dol ------------- ngedol
Ng + cet ------------- ngecet
Nge + lap ----------- ngelap
Ater-ater anuswara saged ngowahi jinising tembung dados tembung kriya :
M + pecut --------------- mecut
M + becak --------------- mbecak
M + gambar ------------- nggambar
- Ater-ater a- -------------- abasa, aklambi
- Ater-ater ma A- (maN-) mangetan, manunggal
- Ater-ater ka- ----- kajupuk
- Ater-ater ke- ---- kejepit
- Ater-ater di- ----- dibalang/dipunbalang
- Ater-ater sa- ------- sagelas
- Ater-ater pa- anuswara – pa + enget – penget
- Ater-ater pi- --------- pitutur
- Ater-ater pri- -------- priangga
- Ater-ater pra- ------- pralambang
- Ater-ater tar- ------ tarkadang
- Ater-ater kuma- ----- kumawani
- Ater-ater kapi- ------- kapiadreng
2). Seselan.
- Seselan -um- --------- puminter – kuminter
- Seselan -in- --------- tinulis
- Seselan –er- lan -el- gerandhul, kelepyar
3). Panambang.
- panambang – lan ------ tambani
- panambang – a ----- tangia
- panambang – e (-ipun) ---- tindake, tindakipun
- panambang –en ------- cacingen
- panambang –an -------- kancingan
- panambang –na ------- lungguhna
- panambang –ana ----- kandhanana
- panambang –ane --------- gebugane
- panambang –ake (-aken) tulisake, serataken
4). Imbuhan Bebarengan.
(a) Imbuhan bebarengan rumaket :
- Imbuhan ka – - an ------ kabledhosan
- Imbuhan ke - – en --------- keciliken
- Imbuhan pa (A) - –an ------papringan
- Imbuhan pra- -an ----------pradesan
(b) Imbuhan bebarengan renggang.
- imbuhan A- - lan (Anuswara - -lan) ---nyokoti
- imbuhan A- -a (anuswara- -a) ------ mbalanga
- imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake) – mbalamgake
- imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana) –mbundhelana
- imbuhan A- -e (Anuswara- -e) mlakune
- imbuhan di- -lan -------- diwelingi
- imbuhan di- -a ----------- didhudhaha
- imbuhan di- -ana ---------- dijotosana
- imbuhan di- -ake ------- diwalesake
- imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana - ginambaran, sinambungake, ditangisana
- imbuhan (-um-) –a --------- sumingkira
- Imbuhan sa- -e --------------- sacilike
Tembung Rangkep.
1) Dwipurwa. ------ bebungah
2) Dwilingga. ------ takon-takon
3) Dwiwasana. ----- cekikik
Tembung Camboran.
1) Camboran Wutuh. ------ dhadha menthok
2) Camboran Tugel. ------ lunglit
2. Jinising Tembung
a. Tembung Aran (kata benda/nomina). Inggih punika tembung ingkang nerangaken naminipun barang utawi punapa kemawon ingkang dipunanggep barang. Kathah-kathahipun saged sumambung kaliyan tembung dudu utawi ana lan ora. 
Tembung aran wonten werni kalih :
1) tembung aran katon/konkrit. (pelem, krikil, sapi).
2) Tembung aran tan katon/abstrak. (ngelmu, kawasisan).
b. Tembung Kriya (kata kerja/verba). Inggih punika tembung ingkang nerangaken solah bawa utawi tandang gawe.
1) Kriya Tanduk (kata kerja aktif), inggih punika tembung kriya ingkang jejere (subyek) dados paraga. Tembung punika limrah kadhapuk lan kawuwuhan ater-ater (m-, n-, ng- lan ny-). Lan jejer tansah dados paraga ingkang nindakaken satunggalipun pakaryan. (upamipun : njawil, mlumpat, nulis, nuthuk).
a. Kriya tanduk ngangge lesan (kata kerja transitif). Tembung kriya tanduk lan tansah mbetahaken lesan (obyek). Padatan ngginakaken ater-ater anuswara (m, n, ng lan ny) lan panambang na utawa panambang ake.
b. Kriya tanduk tanpa lesan (kata kerja intransitif). Lan tembung kriya lan boten mbetahaken lesan (obyek).
Padatan ngginakaken ater-ater anuswara (m, n, ng, man, ny lan mer-).
2) Kriya Tanggap (kata kerja pasif), inggih punika tembung kriya ingkang jejeripun (subyek) dados sasaran (penderita). Tembung kriya tanggap limrah kadhapuk lan kawuwuhan ater-ater (di-, ka-, ke- lan seselan -in-). Upamane : dijawil, ditulis, dithuthuk, tinulis, thinuthuk, jinawil).
c. Tembung Sifat (adjektiva), ugi sinebat tembung watak utawa kaanan, inggih punika tembung ingkang saged nerngaken kawontenan utawi watak satunggaling barang utawi bab.
Tembung sifat saged dipunpilah dados kalih :
1). Tembung watak (boten saged owah) – drengki, srei, jail, uthil.
Tembung sifat saged sumandhing kaliyan tembung luwih, rada, paling, banget.
2). Tembung kahanan (saged owah) – mlarat, sugih, mulya, cilaka.
d. Tembung Katrangan (adverbia), inggih punika tembung ingkang nerangaken tembung sanes.
- Tembung katrangan lan nerangaken tembung aran.
(Kakangku dudu guru SMA).
- Tembung katrangan lan nerangaken tembung kriya.
(Adhiku asring nangis).
- Tembung katrangan nerangaken tembung sifat.

(Pak Broto piyayi rada galak).
- Tembung katrangan nerangaken tembung wilangan.
(Bukune kurang papat).
- Tembung katrangan sing nerangaken tembung katrangan.
(Aku ora tau mulih).
e. Tembung Sesulih (kata ganti utawa pronominal), inggih punika tembung ingkang dipunginakaken minangka sesulihipun tiyang, barang utawi punapa kemawon ingkang dipunanggep barang.
1) Sesulih Purusa (kata ganti orang).
Sesulih Purusa Ijen Akeh
Utama Purusa Aku, kula, ingsun, Kawula
Madyama Purusa Kowe, sampeyan, sira Kowe kabeh, panjenengan sadaya
Pratama Purusa Dheweke, piyampakipun
2) Sesulih Pandarbe (kata ganti empunya).
Sesulih Purusa Klitika
Aku Dak/tak -ku
Kowe Ko/kok, mang -mu
dheweke -e
3) Sesulih Panuduh (kata ganti penunjuk).
sesulih panuduh limrah = iki, iku/kuwi, punika lan nganu (anu).
sesulih panuduh papan = kene, kono, kana, ngriki, ngriku, ngrika, rene, rono, rana, mrene, mrono, mrana. sesulih panuduh sawijining bab = gene, ngono, ngana, makaten.
4) Sesulih Pitakon (kata ganti penanya utawi pronominal interogatif). Apa, sapa, 
ngapa, yagene, piye, pira, endi, kapan.
5) Sesulih Panyilah (kata ganti penghubung utawi pronominal relatif). Nggantos 
tembung ing babonipun ukara. Upamanipun sing, lan, ingkang.
6) Sesulih Sadhengah (kata ganti tak tentu/ indeterminatif), tembung kangge
gantosipun tiyang utawi barang sarta kawontenanipun dereng cetha. 
Upamanipun ; sawijining, apa bae, sapa-sapa, saben uwong, salah siji.
f. Tembung Wilangan (kata bilangan/numeralia), tembung ingkang nerangaken gunggungipun barang/tiyang/khewan lan satunggaling bab.
1) Wilangan Babon/utuh/utama.
0 = enol (das)
1 = siji (eka)
2 = loro (dwi)
3 = telu (tri)
4 = papat (catur) 5 = lima (panca)
6 = enem (sad)
7 = pitu (sapta)
8 = wolu (hasta)
9 = sanga (nawa)
a) Wilangan kumpulan (upamane 11 = sewelas, 21 = selikur, 50 = seket, 1000 = sewu).
b) Wilangan sadhengah (upamane ; sithik, saperangan, sacuwil, akeh, kathak, sekedhik, sadaya ).
2) Wilangan Susun. (pisan, pindho, katelu, kaping pitu lsp.)
3) Wilangan Pecahan. (1/4 = seprapat, ½ = separo, 2/3 = rong protelon, ¾ = telung prapat lsp.).
g. Tembung Panggandheng (kata sambung utawi konjungsi).
Inggih punika tembung ingkang ginanipun kangge nggandhengaken ukaraya panjang setunggal lan sanesipun, murih ukara dados. Upaminipun (sawise, nalika, banjur, lajeng, sawangsulipun, ewadene).
Tembung panggandheng dipunpilah dados kalih :
1) panggendheng nglebet ukara (intrakalimat).
2) panggendheng jawi ukara (antarkalimat).
h. Tembung Ancer-ancer (kata depan/preposisi). Tembung ingkang ginanipun kangge ngancer-anceri papan utawi aran. (ing, kagem, miturut, amrih, kaya, dening, kaliyan).
i. Tembung Panyilah (kata sandang/artikula), punika tembung dipunangge nyilahake patrap, barang utawi satunggalipun bab. Limrah sumambung kaliyan tembung aran. (si, sang, ingkang, para).
j. Tembung Panyeru (kata seru/interjeksi), inggih punika tembung ingkang nggambaraken wedharipun raos remen, kaget, kuciwa, gela, susah lan gumun. (adhuh, ah, nah, lha, he, lho, oh, hore, eman, tobat, eman).



                        
3.Widya ukara (sintaksis) 
Widya ukara utawi sintaksis kalebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag bab frasa, klausa, lan ukara. Frasa, klausa, lan ukara saha perangan-peranganipun dados cakupanipun widya ukara Widya ukara punika klebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag ukara, frasa lan klausa (Sintaksis). Tetiganipun boten saged dipunpisah amargi satunggal lan sanesipun wonten sambung rapetipun.

1. Frasa.
Miturut tatananipun, frasa kaperang dados kalih, inggih menika frasa endosentrik lan frasa eksosentrik.
Frasa punika kelompok tembung kanthi tandha :
- Drajatipun monten antawisipun tembung lan klausa (sanginggilipun tembung sangandhapipun klausa).
- Dumados saking kalih tembung utawi langkung.
- Tembung-tembung ingkang kadhapuk ing frasa, urut-urutanipun boten kenging nglngkungi wasesa. Frasa racakipun dumados saking inti lan atribut (inti = diterangake, atribut = nerangake). Hukum DM = MD ing basa Indonesia.
Tuladha :
- Sepatu sandal
- Bocah lanang
- Klambi amoh
- Kandhang jaran
- Omah anyar
Warni-warninipun frasa :
A.Frasa endosentrik
 inggih menika frasa ingkang namung nyebataken salah setunggaling peranganipun, nanging perangan ingkang kasebataken kalawau saged minangka gegantosing perangan-perangan sanesipun.
Tuladhanipun:
ember plastik abang.
tape beras ketan.
bocah lanang bagus.
Frasa ingkang namung nyebataken salah satunggal peranganipun, nanging perangan ingkang dipunsebat wau saged dados gantosipun perangan sanes.
Theklek kayu jati (- theklek kayu, - theklek jati).
Tape beras ketan (- tape beras, - tape ketan).
Ingkang naminipun jati punika peranganipun kajeng, naminipun ketan punika peranganipun wos/beras.

B.Frasa eksosentrik
 inggih menika frasa ingkang salah satunggal perangananipun boten saged dados gegantosing perangan sanesipun, utawi perangan ingkang satunggal boten saged dados sesulihing perangan sanesipun. Tuladhanipun:
ing pasar
saka Jepara
               menyang Jakarta
Frasa ingkang salah satunggal peranganipun boten saged dados gantos perangan sanes.
Mas Tamrin mulih saka Pekalongan.
Mas Martono lagi lunga menyang Jakarta.
Dados boten saged dipunwastani :
Mas Tamrin mulih saka.
Mas Tamrin mulih Pekalongan.
Mas Martono lagi lunga menyang.
Mas Martono lagi lunga Jakarta.

Jinisipun frasa :
 Frasa Aran (nomina/benda). - Payung kertas.§
 Frasa Kriya (verba/kerja). – arep mangan.§
 Frasa Kaanan (adjektiva/keadaan). – cilik mentes.§
 Frasa Wilangan (numeralia/bilangan). – telung wungkus.§
 Frasa Katrangan (adverbia/keterangan). – mung bae.§
 Sesulih (pronomina/ganti). – kowe kabeh.§
 Ancer-ancer (preposisi/kata depan). – ing Kudus.

2. Klausa.
Rerangkenipun tembung ingkang saged ngudhar satunggaling gagasan (bab).
Klausa kedah wonten wasesanipun (predikat). Ing basa tulis klausa paling sekedhik dumados saking jejer + wasesa.
2.      Klausa
Klausa inggih menika rerangkening tembung ingkang saged ngudhar sawijining gagasan utawi sawijining bab. Saboten-botenipun ing pacelathon utawi ing pagineman, klausa menika kedah wonten wasesanipun (predikat). Ananging, ing basa sinerat, klausa menika saboten-botenipun dumados saking jejer (subjek) lan wasesa (predikat). Kajawi menika, klausa ugi saged malih dados ukara. Klausa saged kaperang dados kalih, inggih menika klausa bebas lan klausa winates. Klausa bebas kaperang malih dados tiga, inggih menika klausa transitif, klausa intransitif, lan klausa ekuatif. Klausa winates ugi kaperang dados tiga, inggih menika klausa nominal, klausa adjektival, lan klausa adverbial.
a.        Klausa bebas
Klausa transitif :
Tini nulis layang
Tini nulisi bukune
Tini nulisake bapak layang
Klausa intransitif :
dheweke lagi adus
·         aku jam sewelas wis turu
·         adhiku ngimpi
·         Klausa ekuatif :
·         bapakku guru
·         dheweke kancaku
·         rambute kriting
·         (b)   Klausa winates :
·         Klausa nominal :
sing dipundhut buku
·         ibuku guru basa Jawa
Klausa adjektival :
legi banget (Piye rasane peleme mau?)
bagus tenan (Piye sajake bocahe?)
·         Klausa adverbial :
(anggone matur) ngati-ati banget
(anggone maca) tliti tenan


Dheweke kuwi // dokter khewan.
J W

3. Ukara.
Rerangkenipun tembung ingkang saged ngudhari satunggalipun kajeng. Pangrangkenipun tembung ngangge pranatan
Ukara menika mujudaken rerangkening tembung ingkang saged ngudharaken sawijining pikajeng ingkang jangkep. Adhedhasar fungsinipun peranganipun ukara menika wonten jejer, wasesa, lesan, geganep, panerang. Adhedhasar jinisipun, ukara saged kaperang dados ukara tanduk lan ukara tanggap, ukara lamba lan ukara camboran, saha ukara topik lan komen.
a)       Ukara tanduk lan ukara tanggap
Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet ukara tanduk lan ukara tanggap, kaudhala miturut fungsinipun!
Mbakyuku lagi nggawe panganan saka ketan.
Bu Wiwin ndukani putrane sing lanang.
Herman nggawekake Sumiyati crita cekak.

Toni didukani Pak Gito.
Layang iku enggal kasimpen ing laci.
b)       Ukara lamba lan ukara camboran
Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet ukara lamba lan ukara camboran, kaudhala miturut fungsinipun!
Suminah ngguyu ngakak
Pilihan lurah kuwi dianggep ora sah.
Bapak lan Ibu nembe tindak dhateng Yogya.

Mbakyuku mulang ing Semarang lan masku mulang ing Cepu.
Haryati kuwi dudu guru nanging dhokter puskesmas.

Nalika Mas Heri nelpon, aku lagi nggawe power point.
Bapak Sutardi ngendikakake menawa basa Jawa kudu dilestarekake lan dingrembagake.

c)        Ukara topik lan komen
Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet ukara topik lan komen, kaudhala miturut fungsinipun!
Bapak, blangkonipun radi miring.
Komputere adhiku, monitare rusak.
Kang Mas, resletinge durung dibenakake.

Rambute Om Bondhan kuwi pancen dawa.
Tangane Mas Iwan kuwi kenceng banget.
Sukune pakdhe akeh wulune.
i)         Adhedhasar suraosipun, ukara kaperang dados gangsal, inggih menika ukara carita, ukara pakon, ukara pitakon, ukara sambawa, lan ukara sananta.
a.        Ukara carita (kalimat berita/kalimat deklaratif):
Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.
Samenika kula sampun dados guru wonten ing SMAN 3 Semarang.

b.        Ukara pakon (kalimat perintah/kalimat imperatif):
Wis enggal digarap!
Bocah-bocah ora pareng melu lho ya!
Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
Gage balangen yen arep njaluk benjut sirahmu!
c.        Ukara pitakon (kalimat tanya/kalimat interogatif):
Pak guru basa Jawa sing anyar iku asmane sapa?
Iki ta daleme Pak Jono?
Saupama klambimu iku dilungsurake adhimu piye, Ndhuk?
d.        Ukara sambawa:
Teranga ya ben mulihe mengko ora kudanan.
Mrenea wiwit mbiyen kowe ora bakal kapiran.
Tangisana nganti semaput dheweke ora bakal urip maneh.
e.        Ukara sananta:
Kareben munggah sekolah aku arep mempeng sinau.
Aku arep nggarap PR, kowe aja ngajak crita wae.
Buku paramasastramu iki daksilihe dhisik, ya?

Tandha-tandha :
- Saged madeg piyambak.
- Saboten-botenipun dumados saking klausa (jejer + wasesa).
- Wiwitanipun ukara dipunserat aksara murda lan wekasanipun titik.
- Wonten lagunipun pocapan (intonasi).
- Aku sinau (ya klausa, ya ukara).
- malah dolan (frasa kriya).
- adhiku mala dolan (ya klausa, ya ukara).
- Aku sinau, adhiku malah dolan (ukara).

a. Jejer (subyek).
1) Jejer Awujud Tembung Aran/frasa aran.
2) Jejer Awujud Tembung Kriya/frasa kriya.
3) Jejer Awujud Tembung Kaanan/frasa kaanan.
4) Jejer Awujud Tembung Wilangan/krasa wilangan.
5) Jejer Awujud Tembung Sesulih Purusa/frasa sesulih purusa.

b. Wasesa (predikat).
1) Wasesa Awujud Tembung Kriya/frasa kriya.
2) Wasesa Awujud Tembung Kaanan/frasa kaanan.
3) Wasesa Awujud Tembung Aran/frasa aran.
4) Wasesa Awujud Tembung Wilangan/frasa wilangan.
5) Wasesa Awujud tembung/frasa ancer-ancer.

c. Lesan (obyek).
Yen wasesanipun tembung aran, kaanan utawa frasa ancer-ancer, ukara punika boten wonten lesanipun. Nanging manawi wasesanipun tembung kriya tanduk, lesan kedah wonten.

d. Geganep (pelengkap).
Rusmanto / ngirimi / Rusmini / wingka babad.
J W L Gg

Budi / nukokake / anakku / sepur-sepuran.
J W L Gg.

e. Panerang.
Mujudaken peranganipun tembung ingkang boten kedah wonten ing ukara. Saged mapan wonten ing pungkasanipun ukara, kawitanipun ukara lan antawisipun jejer lan wasesa.
Adhiku lara panas esuk mau.
Adhiku esuk mau lara panas.
Esuk mau adhuki lara panas.
4. Jinising Ukara.
a. Ukara tanduk lan tanggap.
1) Ukara tanduk (kalimat aktif).
Ukara ingkang wasesanipun tembung kriya tanduk, kanthi titikan padatan ngangge imbuhan anuswara (m-, n-, ng-, ny-).
Adhiku/lagi nggawe/ layangan / saka plastik.
J W L Gg
Bu Anis / menehi / putrane /sangu.
J W L Gg 
Budi/ nukokake/adhine /dolanan.
J W L Gg
Nanik / nyulaki / meja guru.
J W L
2) Ukara tanggap (kalimat pasif).
Ukara ingkang wasesanipun tembung kriya tanggap, kanthi titikan padatan ngangge imbuhan anuswara (di, ka utawa seselan in).
Adhiku / didukani / bapak.
J W L
Wacan iki / katulis / nalika jaman Landa.
J W P
Mas Pur / winisudha / dadi sarjana ekonomi.
J W L
b. Ukara Lamba lan Camboran
1) Ukara Lamba.
Ukara ingkang dumados saking satunggal klausa. Tegesipun, ukara kasebut namung dumados saking jejer lan wasesa sarta dipuntambah lesan, geganep utawi panerang ingkang gunggungipun namung satunggal.
Widodo / seneng padu.
J W
2) Ukara Camboran.
Saben ukara dumados sakinlih klausa utawi laugkung. Jejer wasesanipun dumados langkung saking satunggal.
Dheweke teka nalika aku lagi mangan.
a) Camboran sejajar.
Ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung lan klausa-klausa wau dipungandheng ngangge tembung panggandheng, lan ukara-ukara wau sadaya ukara inti.
Mbakyuku kuliah ing Jakarta lan adhiku ing Solo.
b) Camboran susun.
Ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung, nanging antawisipun satunggal lan sanesipun wonten ingkang nguasani lan wonten ugi ingkang dipun kuasani.
- Mbak Yuli ora mangkat nyambut gawe jalaran lara panas.
Menawi dipunggatosaken klausa ingkang dipunserat kandel ing nginggil mujudaken klausa pang, klausa pang ngisi papanipun geganep.
c. Ukara Tema lan Rema.
Gatosaken ukara ngandhap punika.
- Bapak, blangkonipun radi miring.
- Mas Budi iki, tangane kenceng banget.
Perangan ingkang wonten ngajeng inggih punika
Bapak, Mas Budi iki, dipunwastani Topik (Tema).
Dene perangan ingkang wonten wingking, blangkonipun radi miring lan tangane kenceng banget,
dipunwastani komen/rema.
5. Warni-warninipun Ukara
a. Ukara Carita (kalimat berita).
Ukara carita inggih punika ukara ingkang isinipun nyritakaken satunggalipun bab utawi prastawa dhateng tiyang sanes. (Nalika aku nyang Rembang, ana prau layar kang kerem).
b. Ukara Pakon (kalimat perintah).
Ukara pakon inggih punika ukara ingkang suraosipun awujud pakon/prentah dhateng tiyang sanes, supados nindakaken pakaryan.
Ukara pakon, wonten werna gangsal :
1) Pakon lumrah. (Jogan kae sapunen).
2) Pakon pamenging. (Kowe ora kena lunga yen during rampung sinau).
3) Pakon pangajak. (Yen kepengin pinter, kudu sinau).
4) Pakon panantang. (Balangen, yen njaluk benjut sirahmu).
5) Pakon paminta. (Dhik, tulung jupukna kunci kontak ing meja).
c. Ukara Pitakon (kalimat Tanya).
1) Pitakon lumrah. (Pak Guru basa Jawa sing anyar iku asmane sapa ?).
2) Pitakon kang orang butuh wangsulan (retorika). (Sapa sing ora kepengin munggah kelas ?).
3) Pitakon paminta. (Piye yen jajan dhisik ?).

d. Ukara Sambawa (kalimat harapan). Inggih punika ukara ingkang isinipun awujud pengarep-arep, saupama utawa sanajan. Racakipun kawuwuhan imbuhan a utawi –ana. (Panasa ya gabahku ben garing. Sugiha dhuwit aku wis gawe omah. Ditangisana nganti lemes dheweke ora bakal urip maneh).

e. Ukara Sananta (niyat). Inggih punika ukara ingkang isinipun niyat, karep utawi sedya. (Sesuk awan aku arep ngundhuh jagung).


4.Widya makna (semantik) 

Widyamakna punika peranganing ilmu basa ingkang ngrembag bab makna , suraos, teges utawi arti. Ingkang karembag ing widyamakna punika yaiku, Sinonim inggih punika tembung nunggal misah. Antonim inggih punika tembung kosok balen. Homonim inggih punika sami seratan saha pocapan. Homofon inggih punika pocapan ingkang sami. Homograf inggih punika seratan ingkang sami. Hiponim inggih punika panguwaosing tembung. Polisemi inggih punika teges jamak. Ambiguitas inggih punika teges mangro. Jinising makna. Tandha. Simbol. Widya makna, utawi ing salebeting Basa Indonesia dipunwastani semantik, inggih punika ngèlmu paramasastra ingkang ngrembag bab makna salebeting tembung utawi ukara. Wondéné ingkang kalebet ing widya makna antawisipun; Sinonimi, utawi ingkang nggadhahi artos ingkang sami Antonimi/oposisi, ingkang nggadhahi artos ingkang bènten lan kosokwangsulipun. Polisemi, utawi ingkang nggadhahi teges kathah nanging taksih sami artosipun. Homonimi, utawi ingkang seratan utawi unen-unenipun sami namung mengku teges ingkang bènten. hiponimi, utawi ingkang minangka salah satunggaling jinis saking pokokipun. Metonimia, utawi ingkang nggadhahi sesambetan kaliyan samukawis ingkang bènten kaliyan tembungipun utawi saged sinebat peparab.
     
Widyamakna inggih punika ngelmu ingkang ngrembag bab teges lan bab-bab ingkang wonten gandhengenengipun kaliyan teges. Wudyaswara, widyatembung lan widyaukara, kedah nggatosaken widyamakna. Manawi boten nggatosaken makna, sadaya ingkang karembug boten wonten paedahipun.

Tuladha :
- Sepur numpak wong.
- Parmin numpak sepur.

Tuladha kasebat manawi kawawas manut pranataning ukara samwpun leres, amarga wonten jejeripun, wonten wasesanipun lan wonten lesanipun. Ananging ukara wau ingkang saged dipuntampi nalar namung ukara ingkang nomer kalih. Dados ngracik ukara boten namung waton leres strukturipun, nanging ugi kedah leres suraosipun. Tinampa nalar punapa boten, wonten gandheng-cenengipun kaliyan widyamakna.

Ingkang karembag ing Widyamakna :
1. Sinonim.
Sinonim = tembung kalih utawi langkung ingkang wujud lan panyeratipun benten, nanging tegesipun sami.

Jeneng = aran
Cepet = rikat
Langka = arang
Angslup = ambles
Adhem = atis

Nanging boten saben tembung ingkang sami tegesipun saged dipunangge ing sadhengah ukara.

Tuladha :

“Mas Budi ora seneng mangan sega adhem”.

Tembung adhem ora bisa diganti atis.

2. Antonim.
Antonim = tembung, frasa utawi ukara ingkang gadhah teges walikan kaliyan tembung, frasa utawi ukara sanesipun.

Tuladha :

Gedhe – cilik
Amba – ciyut
Dawa – cendhak
Pinter – bodho
Gampang – angel
Endhek – dhuwur

Antonim awujud frasa :

Sepedha motor kang anyar iku
Sepedha motor kang ora anyar iku

Antonim ing ukara :
Parmi lara untu
Parmi ora lara untu

3. Homonim.
Homonim = tembung setunggal ingkang seratanipun lan pangucapipun sarwa sami, nanging saged benten suraosipun.


Tuladha :
…….. ngukuri lemah.
…….. ngukuri geger.

…….. roti mawa keju.
Aja cedhak-cedhak mawa.

Mobile sedulurku sing antik, arep diedol.
Mobile sedulurku, sing antik, arep diedol.

Frasa sing antik ing ukara nginggil tegesipun ingkangn antik niku mobile, nanging manawi ingkang ngandhap, ingkang antik sedulurku.

a). Homofon.
Homofon = kalih tembung utawi langkung ingkang uelipun sami, nanging tegesipun benten. Utawi tembung kalih utawi langkung ingkang benten seratanipun lan suraosipun, nanging pocapan/ungelipun tembung sami utawa meh sami.

Anteb – antep (abot – tekad).
Kulub – kulup (gudhangan – anak).
Parab – parap (jeneng – tandha tangan).

b). Homograf.
Homograf = kalih tembung utawi langkung ingkang sami panyeratipun nanging boten sami tegesipun.

Teken – teken
Cemeng – cemeng
Kendel – kendel
Geger – geger
Meri – meri

4. Hiponim.
Hiponim klebet tembung ingkang tegesipun dipunanggep dados peranganipun tembung sanes utawi suraosipun tembung wontn panguaosipun tembung sanes.
Werna
Abang, putih, ijo, biru, kuning, jingga
5. Polisemi.
Polisemi mujudaken tembung ingkang ngemu teges langkung saking setunggal. Gampil dipunmangertosi manawi mapan ing ukara.
Babaran sampun kalih
Bayen weton uwis aja lan loro
6. Ambiguitas.
Ambiguitas iku tembung, frasa utawi ukara ingkang mangro teges.
Suduken = nyubles, lara weteng
Ngukuri = garuk-garuk, ngetung dawa
Sarungna = nyubles, nglebokake ing wrangka (keris).
7. Jinising makna.
a. Mringkus
Tembung ingkang suraosipun saya mringkus. Dados ingkang sakawit suraosipun pinten-pinten malih dados winates (mringkus).

Makna Bawera Makna Mringkus
Kaos


Sikil - kaos sport
- kaos pblong
- kaos kaki
- sikil meja
- skil gajah
- sikil jaran

b. Melar.
Makna ingkang langkung bawera tinimbang saderengipun.

Winates Bawera
Kembang

Amplop

wadhuk Kembang
Wong kang ayu
Amplop
Sogokan/suap
Weteng kewan
dam
c. Geseh.

Tembung
ndhisik
Saiki
Germa
Bajingan
Preman Wong kang gaweane bebedhak kewan galak
Sopir grobag
Nyandhang melu kaya wong lumar supaya ora kadenangan asline. Mucikari
Gawe cilaka liyan
Gentho
d. Makna Kognitif.
Makna kognitif utawi makna deskreptif utawi denotatif, inggih punika nedahaken sesambetan antawisipun gagasan ingkang wonten ing pikiran/konsep kaliyan kasunyatan.
- sega goreng
- tape goreng
- endhog ceplok
e. Makna Konotatif.
Suraosipun tembung/frasa, boten kados ingkang wonten ing tembung/frasa, nanging wonten teges sanes ingkang tumempel ing tembung/frasa punika.
- ngobongi kertas.
- ngobongi wong-wong ndesa ben demo.

f. Leksikal lan makna Gramatikal.
• Leksikal = nalika isih mandireng pribadi padha bae nalika digathukake ing ukara.
• Gramatikal = njumbuhake karo ukara.

Tuladha :
- Pitik angrem 21 dina wis netes. (leksikal).
- Parmi galak kaya pitik angrem. (gramatikal).

g. Referensial.
Makna ingkang langsung nuding ing ngajengipun utawi maknanipun wonten sambungipun kaliyan kasunyatan.

Tembung punika mujudaken lambang/simbol ingkang dados sarana nggandhengaken pikiran/ide kaliyan acuan /referen.

Tuladha :
• Montor mabur -- lambang/simbol.
• Sarana angkutan kang bisa mabur --- pikiran/ide.
• Gambar --- acuan


8. Aspek, kala lan modus.
a. Aspek.
Aspek punika nedahaken sawenehing tumindak lan jinising tumindak ingkang wonten sambungipun ing tembung kriya.
Aspek mbeberaken kawontenan. Dados sejatosipun aspek punika mligi sesambungan kaliyan wekdal, prastawa utawi proses ingkang nembe dipunrembag.

Tembung-tembung ingkang klebet aspek :
- wiwit
- lagi
- uwis
- isih
- bisa
- kerep
- kadhang
- tansah
- arang

b. Kala.
Kangge nedahaken wekdal :
- biyen
- wingi
- saiki
- sesuk
- sesuke
- suk emben

Dhek emben wingine wingi saiki sesuk sesuke Suk emben

- 2 - 1 0 +1 +2


c. Modus.
Modus rumaket ing tembung kriya lan nerangaken kawontenan kajiwan (psikologis) satunggaling tumindak miturut tafsiranipun badanipun piyambak (kang ngomong). Modus saged njlentrehaken panampi/sikep tiyang ingkang rembagan.

Wujuding modus arupi tembung :
- arep
- mesthi
- bisa
- entuk
- Kepengin
- kudu

Wujuding modus arupi frasa :
- arep bisa
- mesthi bisa
- manut pangiraku
9. Arah
Arah basa Jawi sami kaliyan arah basa Indonesia, inggih punika ler, kidul, wetan lan kilen.
Supaya cetha gatekna gambar ing ngisor iki.
Ler
Lor kilen lor wetan
Kulon wetan
Kidul kulon kidul wetan
Kidul


·         3 Undha-usuk basa

Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu miturut unggah-ungguhing basa, yakuwi kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.
Unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku pranataning basa manut lungguhing tata krama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong lagi ngomong supaya runtut anut paugeraning paramasastra.
Supaya jumbuh/trep karo unggah-ungguhing basa Jawa, mula menawa sesrawungan karo wong liya kudu:
1.      Basane netebi pranataning subasita
2.       Manut paugeran tata susila
3.       Basane gawe reseping ati
Basa Jawa iku duwe unggah-ungguh basa, yaiku sing mbedakake basa Jawa karo basa liyane kang dianggo pasrawungan manungsa. Dene cak-cakanenganggo wewaton ing antarane:
a.       Umur
Sing enom ngurmati sing tuwa
b.      Peprenahan
Adhi ngurmati marang kangmas/mbakyu
Anak ngurmati bapa lan biyung
c.       Drajat pangkat
Murid ngurmati marang gurune.
Pegawe ngurmati marang pangarsane.
d.      Drajat semat
Ngurmati wong sing sugih, lemahe amba, lan sapanunggalane.
e.       Trah
Ngurmati merga tedhak turune wongluhur, trahing kusuma rembesing madu.
f.       Luhuring pribadi Sarjana, pahlawan, ulama, lan sapanunggalane
g.      Tepungan anyar/durung kulina, adakane luwih diajeni
Undha-usuk basa utawa unggah-ungguh basa kang dianggo ing jaman saiki migunakake peprincene (pembagian) miturut Sudarto, yaiku basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) lan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing ngisor iki andharan sawetara basa ngoko. Dene andharan basa krama kababar ana ing wektu candhake.
Ø  BASA NGOKO
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.  Gunane kanggo guneman antarane :
  • Wong tuwa marang bocah enom
  • Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
  • Wong apangkat dhuwur marang pegawene
  • Bocah cilik karo kancane
  • Ngunandika (ngomong dhewe)
2.Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
  • Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
  • Bojone priyayi marang sing lanang
  • Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)
Basa ngoko andhap bisa diperang dadi :
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
  • Aku, tetep ora owah
  • Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
  • Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah
Tuladha :
  • Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sewengi wae.
  • Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?
  • Wah, adhimas ki rada ngece. Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa.
b. Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine :
  • Aku, tetep ora owah
  • Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
  • Ater-ater dak-, ko-, di- tetep ora owah
Tuladha :
  • Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisandherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa.
  • Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing daleméPak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté.
Ø  BASA KRAMA 
1.      Krama Inggil
Bahasa krama inggil itu lebih menghargai orang lain, juga disebut basa krama halus.
Contohnya.
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.
Kalau kita perhatikan, kalimat di atas diucapkan sangat halus sekali, sebagai bentuk untuk ngajeni (menghormati) antarane Bapak, Pak Bagyo, Pak Badrun, Eyang Kakung dan Bu Guru.

2. Krama Lugu
Kalimat berbahasa Jawa ragam Krama lugu : adalah kalimat yang didalamnya terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama, kalimat ini biasanya digunakan untuk membahasakan diri sendiri. Terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama.
Contoh  " Kula dereng tilem."

 Referensi
Paramasastra Bahasa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Panji pustaka Yogyakarta ISBN 979-25-2732-X Tata Bahasa Jawa, Dr. Poerwadi, M. Hum, et al, Media Abadi Yogyakarta, 2005, ISBN 979-3525-50-9 Paramasastra Bahasa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Panji pustaka Yogyakarta, 2007, ISBN 979-25-2732-X Salah Kaprah Bahasa Jawa, Mulyana, et al, Narasi, Yogyakarta,2007, ISBN 979-168-004-3 Pepak lan wasis Basa Jawa, Febyardini Dian P.R., SS, et al, Indnesiatera, Yogyakarta, 2008, ISBN 978-775-052-0 Belajar Praktis Bahasa Jawa, Dr. Purwadi, LÉRes PRESS, Solo, 2007, ISBN 979-98471-0-7

Tidak ada komentar:
Write komentar

Recommended Posts ×

h
u
w
a
r
g
n
e
g
u
s