MIJILIPUN PENGANTEN PUTRI
Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar Ketawang Puspawarna. Kaya ana ganda hangambar arum katiuping samirana manda. Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana.
Panti ateges papan busana ageman,mijil saking panti busana ateges miyos saking papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting sasana pahargya.
penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa nata. Katon pating galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara yayah sileh prenah
Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan, lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya.
Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.
MIJILIPUN PANGANTEN KAKUNG
Geteeeer pater kaya ana teja kang manter, horek sanjawineng sasana pahargya bebasan sorak hambata rubuh swarane. awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang ketingal agung, ageng lan wibawa.
Temanten kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna. Dasar pekik ing warna, dedek pidheksa pangawak pradata. Langkun-langkung sinasaban busana kang tinaretes benang kencana, sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi. Saya malih hangagem dhestar hangemba nata tan ana kang kuciwa
Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir tan ana pedhote ingkang samya kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya.
Wus ndungkap unggyan kang tinuju ,gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampa.
PANGGIH
Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan gegodhongan tan ebah awit samirana tan lumampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga lokananta ingkang munya ing sasana wiwaha, senadyan hamung lumantar swaraning pita swara. Awit sedaya kalawau kena pangaribawane kang samya binoja krama.
Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing ngalam madya hanenggih sambut silaning akrama
nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten priya kang winastan Gondhang Kasih
Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang gantal mring temanten putri kang winastan Gondhang tutur.
Nalika ngidak tigan/wiji dadi
Kawistara kanang antiga tinapak padha pecah sanalika dening temanten kakung. Punika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji ingkang suci,pratima bangkit tata jalma,putra kinarya tetalining akrama.
Nalika wijik ampean
Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng raka,sarwi sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa
Nalika sinduran
Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran. Kawistara temanten kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu. tanggapin sasmita ingkang Bapa gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalih tumuju ing kursi palakrami.
Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju.Punika asung pralampita dhumateng kang binoja krama,mugi -mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang mangun brayat anyar,tansah kebak ing pangati-ati ,datan grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.
Sungkeman
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.
Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir jiwaraga dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya papanig yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta hanglelithing wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik digedhek.ke,bodho kapinterake.
Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten kekalih,tumibeng ing pangkone ingkang rama lan ibu kadya mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang ngrumpaka basa bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana rinengga.
Kirab Kasatrian
Padhang hanarawang, sumilak piyak katon
hangilak-ilak marga agung kang tumuju
dhumatengsasana rinengga.
Ana sesotya coplok saking ngembanan,
lumampah mbakukuh yayah prayitneng kewuh
lah punika ta warnanira ingkang ndaweg
hanawung kridha, angayahi gati kinarya
subamanggala ya manggala suba.
Mangkana wus kekalung pusptita rinonce,
mila sigra madeg esthining driya,
lenging cipta arsa amboyong sang pindha
narendra tedhak mring panti busana.
ndungkap unggyaning ingkang tinuju,
lampahe sang subamanggala arsa
anjengkaraken risang penganten sarimbit
Wondene jengkaring risang pinanganten
kalamun cinandra pindha
narendra ingkang tedhak cangkrama.
Regu-regeng hamerbawa, risang temanten
sarimbit tedhak saking palenggahan,
pinapag sang suba manggala arsa jengkar
tilar sasana pawiwahan, kinirapaken
ngulati wahyuning jodho.
Tedhak jleg ngampil amparan rukmi,
ginarubyug para rumaja putri
saemba putri dhomas,
horeg kang samya hanjenengi, prasasat
kadi narendra siniwaka satuhu.
Sinten ta ing ngarsa sung tuladha
ingkang minangka senopatining lampah,
lah punika ta warnane sang suba
manggala ingkang kapiragan
dening rokomas......
Dhasar tatag-tangguh tanggon
prapteng ngendon, datan mingkuh
salwiring kewuh.
Hanggung kendel tindak sapecak mangu
sapecak tumoleh,
muhung nuhoni jejibahanipun,
supadya risang temanten ingkang katemben
winisudha mboten kasandhunging rata
kabentusing tawang towang.
Dhasar pideksa sarwa sembada, maksih
mudha tumaruna wimbuh ambeg susila
anoraga, prasaja busanane, prasaja
uripe, luhur bebudene, tandang tanduke
ngresepake, grapyak tur nggih semanak
Menawi katitik saking solah bawa,
liringing netra ebahing sarira,
ukeling asta tumapaking pada
ngidak wirama,
kapracihna bilih sang subamanggala
satuhu lebda ing budaya.
Tindakira kadherekaken satriya kembar,
kembar baguse kembar busanane lah
punika ta warnanira talangpati,
manggalayuda ya pratiwa manggalasuba.
Wondene sawurinipun ana wanodya alit
sakembaran ingkang ketingal
sumunar tejane, lamun katingal saking
mandrawa, glewo-glewo kadya
golek kencana kang bisa tata jalma.
Sinigeg gantya kang cinarita,
sinten ta ingkang mangun karsa,
kang busana lir raja kabiwadha,
lah punika ta risang mustikaning karya
sang temanten kekalih nenggih bagus...
kalian Rara............
lumampah kekanthen asta keket raket
kerenggang gula kemepyur pulut,
Kekalihnya sajak lingsem nanging suka,
hanggung reremetan asta,nggraita yen
sedaya tamu mboten wonten ingkang pirsa
kajawi pangendhaliwara.
Dhasar wus dangu denira
hanganti tumapake pahargyan marma
sekedhap-sekedhap angunjal huswa,
hanggeget lathi,
karana tansah kadriya kang ginupit
mangke ing tilam sari.
Sumambung ing wuri, barisane para kenya
srikandhining praja nuswantara.
Angagem busana sarwa edi,
solah bawane merak ati,eseme ndudut ati,
kedheping netra angrerujit manah.
Lumampah kalih-kalih salajur sisih,
gandhes luwes wiragane, susila patrape,
hangujiwat eseme, pindha angawe-awe
para kang ana sandhinge.
Dhasar sadaya sami sulistyeng
warni, gandhes luwes merak ati.
Ing pangajab benjang lamun diwasa
sageda dadaos wanita utami.
Wondene kang kaajab namung saiji,
mugi mbenjang winengku satriya sejati
Ingkang kepareng tut wuri handayani
lah menika ta ingkang hamengku karya
sarimbit garwa tuwin romo lan ibu
saking pinanganten kakung
ingkang nderek mangayu bagya
pawiwahan ing wekdal meniko.
Hanguningani sanggyaning para tamu
ingkang samya amarwata suka,
rumaos bombong berawaning penggalih
prasasat sewu bagya dadya sajuga.
Para tamu kakung putri ingkang
pantes sinudarsana,
laksitaning tata adicara
ingkang sampun rinakit
dening kulawarga kados sampun
kaleksanakaken kanthi pinayungan
karaharjan tebih ing sambekala.
Namung panyuwunipun ingkang mengku gati
inggih meniko Bp ___________
panjenenganipun para tamu kakung putri
kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan
dumugi paripurnaning gati,
kula aturaken ing mriki
mbok bilih pratandha paripurnaning gati
ing kalenggahan punika menawi
temanten kekalih miwah rama ibu
sampun kawistara jumeneng wonten
sangajengipun wiwara,
ingkang punika kasuwun
tansah nyebar godhong kawis,
sabar sawetawis, nuwun, matur nuwun.
hangilak-ilak marga agung kang tumuju
dhumatengsasana rinengga.
Ana sesotya coplok saking ngembanan,
lumampah mbakukuh yayah prayitneng kewuh
lah punika ta warnanira ingkang ndaweg
hanawung kridha, angayahi gati kinarya
subamanggala ya manggala suba.
Mangkana wus kekalung pusptita rinonce,
mila sigra madeg esthining driya,
lenging cipta arsa amboyong sang pindha
narendra tedhak mring panti busana.
ndungkap unggyaning ingkang tinuju,
lampahe sang subamanggala arsa
anjengkaraken risang penganten sarimbit
Wondene jengkaring risang pinanganten
kalamun cinandra pindha
narendra ingkang tedhak cangkrama.
Regu-regeng hamerbawa, risang temanten
sarimbit tedhak saking palenggahan,
pinapag sang suba manggala arsa jengkar
tilar sasana pawiwahan, kinirapaken
ngulati wahyuning jodho.
Tedhak jleg ngampil amparan rukmi,
ginarubyug para rumaja putri
saemba putri dhomas,
horeg kang samya hanjenengi, prasasat
kadi narendra siniwaka satuhu.
Sinten ta ing ngarsa sung tuladha
ingkang minangka senopatining lampah,
lah punika ta warnane sang suba
manggala ingkang kapiragan
dening rokomas......
Dhasar tatag-tangguh tanggon
prapteng ngendon, datan mingkuh
salwiring kewuh.
Hanggung kendel tindak sapecak mangu
sapecak tumoleh,
muhung nuhoni jejibahanipun,
supadya risang temanten ingkang katemben
winisudha mboten kasandhunging rata
kabentusing tawang towang.
Dhasar pideksa sarwa sembada, maksih
mudha tumaruna wimbuh ambeg susila
anoraga, prasaja busanane, prasaja
uripe, luhur bebudene, tandang tanduke
ngresepake, grapyak tur nggih semanak
Menawi katitik saking solah bawa,
liringing netra ebahing sarira,
ukeling asta tumapaking pada
ngidak wirama,
kapracihna bilih sang subamanggala
satuhu lebda ing budaya.
Tindakira kadherekaken satriya kembar,
kembar baguse kembar busanane lah
punika ta warnanira talangpati,
manggalayuda ya pratiwa manggalasuba.
Wondene sawurinipun ana wanodya alit
sakembaran ingkang ketingal
sumunar tejane, lamun katingal saking
mandrawa, glewo-glewo kadya
golek kencana kang bisa tata jalma.
Sinigeg gantya kang cinarita,
sinten ta ingkang mangun karsa,
kang busana lir raja kabiwadha,
lah punika ta risang mustikaning karya
sang temanten kekalih nenggih bagus...
kalian Rara............
lumampah kekanthen asta keket raket
kerenggang gula kemepyur pulut,
Kekalihnya sajak lingsem nanging suka,
hanggung reremetan asta,nggraita yen
sedaya tamu mboten wonten ingkang pirsa
kajawi pangendhaliwara.
Dhasar wus dangu denira
hanganti tumapake pahargyan marma
sekedhap-sekedhap angunjal huswa,
hanggeget lathi,
karana tansah kadriya kang ginupit
mangke ing tilam sari.
Sumambung ing wuri, barisane para kenya
srikandhining praja nuswantara.
Angagem busana sarwa edi,
solah bawane merak ati,eseme ndudut ati,
kedheping netra angrerujit manah.
Lumampah kalih-kalih salajur sisih,
gandhes luwes wiragane, susila patrape,
hangujiwat eseme, pindha angawe-awe
para kang ana sandhinge.
Dhasar sadaya sami sulistyeng
warni, gandhes luwes merak ati.
Ing pangajab benjang lamun diwasa
sageda dadaos wanita utami.
Wondene kang kaajab namung saiji,
mugi mbenjang winengku satriya sejati
Ingkang kepareng tut wuri handayani
lah menika ta ingkang hamengku karya
sarimbit garwa tuwin romo lan ibu
saking pinanganten kakung
ingkang nderek mangayu bagya
pawiwahan ing wekdal meniko.
Hanguningani sanggyaning para tamu
ingkang samya amarwata suka,
rumaos bombong berawaning penggalih
prasasat sewu bagya dadya sajuga.
Para tamu kakung putri ingkang
pantes sinudarsana,
laksitaning tata adicara
ingkang sampun rinakit
dening kulawarga kados sampun
kaleksanakaken kanthi pinayungan
karaharjan tebih ing sambekala.
Namung panyuwunipun ingkang mengku gati
inggih meniko Bp ___________
panjenenganipun para tamu kakung putri
kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan
dumugi paripurnaning gati,
kula aturaken ing mriki
mbok bilih pratandha paripurnaning gati
ing kalenggahan punika menawi
temanten kekalih miwah rama ibu
sampun kawistara jumeneng wonten
sangajengipun wiwara,
ingkang punika kasuwun
tansah nyebar godhong kawis,
sabar sawetawis, nuwun, matur nuwun.
Kirab Kasatrian
Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana,
kumenyar asung prabawa,
kentar-kentar hangambar kongas gandanira
marbuk arum awangi,
sumirat-sirat teja maya-maya.
Saya dangu saya milangoni,
saya celak saya hangranuhi.
Sanyata tejane sang pinanganten,
mijil saking panti busana
lukar busana kanarendran hangrasuk
busana kasatriyan.
Lampahira sri temanten sarimbit
ketingal ayem tentrem mboten was
sumelang ing wardaya, labet sampun
wonten sang suba manggala ingkang sagah
hangentasi karya, mbrastha sakehing
rubeda nyingkiraken sakehing memala.
sangsaya hangenguwung prabawane,
sangsaya mencorong cahyane pinanganten,
sangsaya manteb panggalihe,lamun
cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya
atmajanira Ki Gedhe Pamanahan,
akekanthen asta kalayan
Rara Dewi Semangkin
Atmajanira Kanjeng Sunan Prawoto
ing Kalinyamat
lagya hangenggar-enggar driya
ameng-ameng haneng udyana,
mriksani panjrahing sari puspita,
ingkang nendheng mangudhar wewangi.
Sang senopati kembar
kadi Sang Suwandageni
atmajane Ki Demang Sangkalputung
kalawan Sang Agung Sadayu,
yoganira Ki Sadewa
kekalihipun tus wijil
saking tlatah jatinom.
Dene Kang apindha Putri domas
astha sata anglur selur
dalidir kadya putri boyongan
saking wewengkon Predikan ing Banyu biru
Sadaya berawa sarta mempeng ing puja
puji santi astuti santi,
basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Wondene ingkang minangka pethiting
lampah, punika ta warnanira ingkang
hamengku karya sarimbit kaliyan garwa.
Jroning cipta tansah meminta nugrahaning
gusti kang maha kuwasa,
mugi putra temanten anggenira lelumban
ing alaming bebrayan
tansah manggih bagya mulya
ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju.
Lulus raharja,
kalis pringgabayaning marga
samangke risang temanten wus lenggah
ing dhampar rinengga,
lenggah hamarikelu hangrantu
laksitaning adicara salajengipun.
Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana,
kumenyar asung prabawa,
kentar-kentar hangambar kongas gandanira
marbuk arum awangi,
sumirat-sirat teja maya-maya.
Saya dangu saya milangoni,
saya celak saya hangranuhi.
Sanyata tejane sang pinanganten,
mijil saking panti busana
lukar busana kanarendran hangrasuk
busana kasatriyan.
Lampahira sri temanten sarimbit
ketingal ayem tentrem mboten was
sumelang ing wardaya, labet sampun
wonten sang suba manggala ingkang sagah
hangentasi karya, mbrastha sakehing
rubeda nyingkiraken sakehing memala.
sangsaya hangenguwung prabawane,
sangsaya mencorong cahyane pinanganten,
sangsaya manteb panggalihe,lamun
cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya
atmajanira Ki Gedhe Pamanahan,
akekanthen asta kalayan
Rara Dewi Semangkin
Atmajanira Kanjeng Sunan Prawoto
ing Kalinyamat
lagya hangenggar-enggar driya
ameng-ameng haneng udyana,
mriksani panjrahing sari puspita,
ingkang nendheng mangudhar wewangi.
Sang senopati kembar
kadi Sang Suwandageni
atmajane Ki Demang Sangkalputung
kalawan Sang Agung Sadayu,
yoganira Ki Sadewa
kekalihipun tus wijil
saking tlatah jatinom.
Dene Kang apindha Putri domas
astha sata anglur selur
dalidir kadya putri boyongan
saking wewengkon Predikan ing Banyu biru
Sadaya berawa sarta mempeng ing puja
puji santi astuti santi,
basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Wondene ingkang minangka pethiting
lampah, punika ta warnanira ingkang
hamengku karya sarimbit kaliyan garwa.
Jroning cipta tansah meminta nugrahaning
gusti kang maha kuwasa,
mugi putra temanten anggenira lelumban
ing alaming bebrayan
tansah manggih bagya mulya
ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju.
Lulus raharja,
kalis pringgabayaning marga
samangke risang temanten wus lenggah
ing dhampar rinengga,
lenggah hamarikelu hangrantu
laksitaning adicara salajengipun.
Tidak ada komentar:
Write komentar